Selasa, 05 Mei 2015

Wejangan Pini Sepuh

Rezeki iku ora iso ditiru
Senajan padha lakumu
Senajan padha dodolanmu
Senajan padha kerjamu
Hasil sing ditampa bakal beda-beda
Isa beda nang akehe bandha
Isa uga ana nang rasa lan ayeme ati
Yaitu sing jenenge bahagia

Kabeh iku saka tresnane Gusti Kang Maha Kuwasa
Sapa temen bakal tinemu
Sapa wani rekasa bakal gayuh mulya
Dudu akehe, nanging berkahe kang dadekake cukup lan nyukupi

Wis ginaris nang takdire manungsa
Yen apa sing urip kuwi wis disangoni saka sing KuwasaDalan urip lan pangane wis cemepak
Cedhak kaya angin sing disedhot saben dinane
Nanging kadhang manungsa sulap mata lan peteng atine
Sing adoh saka awake katon padhang cemlorot ngawe-awe
Nanging sing cedhak nang ngarepe lan dadi tanggung jawabe disia-sia kaya ora duwe guna

Rejeki iku wis cemepak saka Gusti
Ora bakal kurang anane kanggo nyukupi butuhe manungsa saka lair tekane pati
Nanging yen kanggo nuruti karep manungsa sing ora ana watese, rasane kabeh cupet
Nang pikiran ruwet lan atine marai bundhet

Welinge wong tuwa, apa sing ana dilakoni lan apa sing durung ana aja diarep-arep
Semelehke atimu, yen wis dadi duwekmu bakal tinemu
Yen ora jatahmu apa meneh nek ngrebut saka wong liya nganggo cara sing ala
Ya dienteni wae, iku bakal gawe uripmu lara, rekasa, lan angkara murka sajroning kulawarga
Kabeh iku bakal sirna balik dadi sakmestine
Yen umpamane ayem iku mung bisa dituku karo akehe bandha,
Dahna rekasane dadi wong sing ora duwe
Untunge ayem isa diduweni sapa wae sing gelem ngleremke atine bab kadonyan
Seneng tetulung marang liyan, lan masrahke uripe marang Gusti Allah

Kerja iku pancen rekasa nanging luwih rekasa meneh yen ora kerja
Lakonana lan syukuri apa sing wis ana

Foto oleh @sarrymartin


*Sampai Wejangan Pini Sepuh ini ditulis di umbarasa, saya belum menemukan siapa sumber pertama yang menulisnya. Wejangan Pini Sepuh hanya saya dapat dari hasil share di grup Whatsapp tanpa mencantumkan sumber. Menurut saya wejangan sebaik ini harus dibagikan agar dapat menjadi inspirasi bagi siapapun yang membacanya. Mohon maaf bagi yang tidak mengerti Bahasa Jawa karena saya belum sempat mencantumkan subtitle Bahasa Indonesia.





0 komentar:

Posting Komentar